Teks pidato jawa pembawa acara resepsi pernikahan
Teman teman, sebagai bangsa yang besar sudah seharusnya kita ikut melestarikan budaya nusantara. Salah satu diantaranya adalah mengembangkan pidato bahasa daerah masing masing. Kali ini kami akan membagikan teks pidato bahasa jawa untuk acara resepsi. Jika anda berminat silakan download teks pidato bahasa jawa untuk acara resepsi pada link di bawah artikel.
Berikut pidato bahasa jawa untuk acara resepsi, silakan simak baik baik
1. Muqodimah
Bismilahirahman nirahim. Alhamdulillahi ladzi ahrojannasa minadhulumati illa nur.
Washolatu wasalamu ala sayidina muhamaddan nissaiqi ila najati munal juuri wa ala alihi wa ashabihi ajmain. amma ba'du.
2. Isi
Poro rawuh sedoyo ngkang kulo hormati, Ing dalem kesempatan ingkang bahagiya niki, mongga kulo lan panjenengan sedoyo raos syukur dumateng Allah, amergi wakdal siang niki kito dipun paringi nikmat rupi kesehatan, sehinggo saat niki saget ndugeni undanganipun bapak ..... sekeluarga ing dalem acara akad nikah putrinipun ingkang asmanipun .... ingkang angsal jodoh jaler asmanipun sederek....
.
Kaping kalehipun mugio keselamatan lan kesejahteraan tetep di pun curahaken dumateng nabi kito Muhammad SAW ugi keluarganipun, poro sahabatipun lan sedoyo pengikutipun.
Undangan sedoyo ingkang kulo hormati.
Kito dipun kempalaken dumateng bapak ..... sekeluarga wonten rneriki panggenan inggih meniko ingkang nomer setunggal supados kito nyumerepi lan nyakseni mbok beleh akad nikah utama perkawinanipun putrinipun ingkang asmo .Hartini kaleh sederek .... lan ingkang nomer kalih inggih meniko kito dipun suwun supados ndongakaken dumateng pengaten kekalih ingkang bade ngelangsungaken akad nikah utawi perkawinanipun, ugi ing dalem gesangipun ing rumah tangganipun, mugio angsal bimbingan lan petunjuk ugikesabaran ing dalem menghadapi pinten-pinten cobaan lan ujian .
Ingkang kulo hormati bapak Naib lan poro undangan. Sakderengipun kito ing dalem acara selajengipun inggih meniko, monggo kita awali acara niki kelawan waosan suratul Fatihah.
Supados kito sedoyo angsal barokah kelawan waosan surat Al
Fatihah.
Ilaa Hadlrotin Nabiyyil Musthofaa Al Faatihah. .
Kula sampeaken matur suwun kelawan waosanipun, mugi- mugi nopo ingkang dados hajat kito sedoyo dikabulaken Allah. swt.
Amiin yaa Rabbal Aalamiin. •
Selajengipun inggih meniko, waosan ayat-ayat suci Al Qur'an,
Wakdal niki bade dipun sampekaken dumateng sederek ..... Dumateng kiyarnbakipun kulo sumanggakaken.
• WAOSAN AYAT- AYAT SUCI AL QUR'AN
Mekaten kolo wahu waosan ayat-ayat suci Al Qur'an, ingkang di pun waos sederek ..... , mugi-mugi nopo ingkang sampun di pun waos kolo wahu saget narnbahi keimanan kito dumateng Allah swt khususipun shahibul hajat.
Sakderengipun akad nikah dipunmilahi, monggo kito pirengaken khuthbah Nikah, wakdal niki bade dipun sampeaken dening Al Mukarom Bapak ...... Dumateng panjenenganipun wakdal dipun sumanggakaken . . . •
- KHUTHBAH NIKAH -
Acara ingkang kaping tigo .inggih meniko ngerupekaken acara inti, inggih meniko pelaksanaan akad nikah, dinten niki bade dipun pimpin •bapak Naib, panjenenganipun selaku ingkang berwenang saking penganten putri. Dumateng bapak Naib, wakdal dipun sumanggakaken.
- PELAKSANAAN AKAD NIKAH -
Sedoyo undangan ingkang kulo horrnati. Nembehrnawon kito nyaksikaken sareng-sareng akad Nikah antawisipun sederek Hartini kelawan Aziz, ingkang dipun dipimpin dening bapak Naib, Mugio akad nikah kola wahu di pun larnpahi kaping setunggal niki mawon selami gesangipun.
Sedoyo undangan ingkang kulo horrnati. Selajengi pun acara ingkang kaping sekawan niki ngerupekaken acara paling akhir kiyarnbak, inggih meniko waosan do'a, wakdal niki bade di pun sampekaken dening bapak ..... , dumateng panjenenganipun di pun sumanggakaken.
- WAOSAN DO'A-
Matur suwun, kulo sampekaken dumateng Al Mukarom bapak K.H..... , ingkang sampun maosaken do'a saat niki, mugi-mugi nopo ingkang sampun dipun waos kolo wahu dikabulaken dening Allah swt,
Selajengipun ngerupekaken penutup. Sak derengipun acara niki kulo tutup. Kula selaku ingkang mbetoh acara ing wakdal niki, mbok beleh wonten ucapan-ucapan ing dalem rnaosaken acara dinten niki katah kelepatanipun, kula atas nami pribadi nyuwun agunge pangapunten dumateng poro undangan.
Ingkang akhir, perlu kito perhatosaken, mbok bileh poro hadirin saksampunipun acara niki kulo tutup, supados undangan sedoyo istirahat sekedap, keranten wonten kepentingan. •
Poro undangan sedoyo ingkang kulo hormati.
Akhiripun, monggo kito tutup acara niki kelawan waosan hamdalah: Al Hamdulillaahi Rabbil 'Aalamiin.
Wabillahi Taufik Wal hidayah. Wassalamu'ala'ikum Warahmatullahi Wabarakaatuh.
Demikian Teks pidato bahasa jawa pembawa acara resepsi semoga bermanfaat.
link download Teks pidato bahasa jawa pembawa acara resepsi ada dibawah ini.
Teks pidato bahasa jawa pembawa acara resepsi